21 Disyon, Ezer lan Disyan, iku mau panggedhening golongan Hori, anake Seir ana ing tanah Edom.
22 Anak-anake Lotan yaiku Hori lan Heman, sadulure Lotan kang wadon yaiku Timna.
23 Iki anak-anake Syobal: Alwan, Manahat, Ebal, Syefo lan Onam.
24 Anak-anake Zibeon: Aya lan Ana. Ana iku kang nemu tuk banyu anget ana ing pasamunan, nalika pinuju angon kuldine Zibeon bapakne.
25 Dene anake ana: Disyon lan Oholibama, anake wadon Ana.
26 Iki anak-anake Disyon: Hemdan, Esyban, Yitran lan Kheran.
27 Iki para anake Ezer: Bilhan, Zaawan lan Akan.