10 Bareng bab iki dicaritakake marang kang rama lan para sadulure, temah didukani dening kang rama: “Impen apa ta impenmu iku? Mangsa ta yen aku, ibumu lan para sadulurmu bakal padha sumungkem ing bumi ana ing ngarepmu?”
11 Sadulur-sadulure dadi padha ewa marang Yusuf, nanging kang rama nyathet iku ing sajroning panggalihe.
12 Ing sawijining dina para sadulure padha angon raja-kayane kang rama ana ing jajahan Sikhem.
13 Rama Israel tumuli ngandika marang Yusuf: “Kamas-kamasmu rak lagi padha angon raja-kaya ana jajahane Sikhem. Mulane kowe dakkongkon niliki mrana!” Ature Yusuf: “Sandika.”
14 Banjur pangandikane maneh: “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem.
15 Bareng Yusuf lagi mlaku mrana-mrene ana ing ara-ara, banjur kapethuk sawijining wong lanang kang ngaruh-aruhi: “Sampeyan madosi punapa?”
16 Wangsulane Yusuf: “Kula madosi sadherek-sadherek kula, kula mugi sampeyan tedahaken wonten ing pundi anggenipun sami angen?”