11 Sadulur-sadulure dadi padha ewa marang Yusuf, nanging kang rama nyathet iku ing sajroning panggalihe.
12 Ing sawijining dina para sadulure padha angon raja-kayane kang rama ana ing jajahan Sikhem.
13 Rama Israel tumuli ngandika marang Yusuf: “Kamas-kamasmu rak lagi padha angon raja-kaya ana jajahane Sikhem. Mulane kowe dakkongkon niliki mrana!” Ature Yusuf: “Sandika.”
14 Banjur pangandikane maneh: “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem.
15 Bareng Yusuf lagi mlaku mrana-mrene ana ing ara-ara, banjur kapethuk sawijining wong lanang kang ngaruh-aruhi: “Sampeyan madosi punapa?”
16 Wangsulane Yusuf: “Kula madosi sadherek-sadherek kula, kula mugi sampeyan tedahaken wonten ing pundi anggenipun sami angen?”
17 Celathune wong mau: “Sampun sami kesah saking ngriki, awit kula mireng anggenipun sami reraosan: Payo padha menyang Dhotan.” Dadine Yusuf banjur nusul para sadulure, sarta padha ketemu ana ing Dhotan.