21 Bareng Ruben krungu kang kaya mangkono, sedyane arep nguwalake Yusuf saka tangane para sadulure, pangucape: “Aja nganti kita pateni ta!”
22 Pituture Ruben: “Aja nganti ngwutahake getih, cemplungna sumur kang ana ing pasamuwan kono bae! Mung aja kokkapak-kapakake!” Iku pamurihe supaya bisa ngluwari Yusuf saka tangane para sadulure lan diulihake marang kang rama.
23 Kacarita bareng Yusuf lagi bae tekan ing ngarepe para sadulure, tumuli diuculi jubahe, iya jubah kang endah banget kang lagi dianggo iku.
24 Banjur dilarak lan dicemplungake ing sumur. Sumur mau asat, ora ana banyune.
25 Sawuse mangkono banjur padha mangan kembulan. Bareng padha ndengengek, weruh ing kadohan ana kapilah bangsa Ismael kang teka saka Gilead, untane padha momot damar, balsem lan blendok lod, arep digawa menyang tanah Mesir.
26 Celathune Yehuda marang para sadulure: “Untunge apa yen kita mateni adhi kita lan ndhelikake getihe?
27 Payo padha didol bae marang wong Ismael kae, nanging aja nganti kita kapak-kapakake, marga iku sadulur kita, kulit daging kita.” Sadulure padha manut kabeh.