23 Kacarita bareng Yusuf lagi bae tekan ing ngarepe para sadulure, tumuli diuculi jubahe, iya jubah kang endah banget kang lagi dianggo iku.
24 Banjur dilarak lan dicemplungake ing sumur. Sumur mau asat, ora ana banyune.
25 Sawuse mangkono banjur padha mangan kembulan. Bareng padha ndengengek, weruh ing kadohan ana kapilah bangsa Ismael kang teka saka Gilead, untane padha momot damar, balsem lan blendok lod, arep digawa menyang tanah Mesir.
26 Celathune Yehuda marang para sadulure: “Untunge apa yen kita mateni adhi kita lan ndhelikake getihe?
27 Payo padha didol bae marang wong Ismael kae, nanging aja nganti kita kapak-kapakake, marga iku sadulur kita, kulit daging kita.” Sadulure padha manut kabeh.
28 Kacarita nalika ana sudagar-sudagar Midian liwat, Yusuf dientasake saka ing jero sumur, lan didol marang wong Ismael, payu rong puluh sekel salaka; Yusuf banjur digawa menyang ing tanah Mesir.
29 Bareng Ruben mbaleni sumur mau, tetela Yusuf wus ora ana ing jero sumur, tumuli nyuwek-nyuwek panganggone.