15 Yehuda bareng weruh Tamar mau, dikira bangsane wanita tuna-susila, marga ing raine dikudhungi.
16 Lakune banjur marani wong wadon kang ana ing pinggir dalan mau karo celathu: “Ayo, kowe arep dakjak turu!” Awit ora ngreti yen wong wadon iku mantune dhewe. Ature Tamar: “Kula badhe panjenengan paringi punapa, manawi kula panjenengan dhawuhi ndherek sare?”
17 Wangsulane: “Kowe bakal dakkirimi cempe siji.” Ature Tamar: “Nanging kula panjenengan paringi cepengan, saderengipun panjenengan ngintunaken ingkang panjenengan janjekaken punika.”
18 Pitakone Yehuda: “Cekelan apa kang kudu dakwenehake kowe?” Ature Tamar: “Sesupe cap panjenengan tuwin kalung punapa dene teken ingkang panjenengan asta punika.” Iku iya tumuli diwenehake, banjur diwori turu, temah ngandhut marga saka Yehuda.
19 Sawuse mangkono Tamar banjur ngadeg sarta lunga, ngrucat kudhunge lan menganggo sandhangan wulanjar maneh.
20 Yehuda tumuli ngirimake cempene lumantar mitrane wong Adulam, kagawe nebus barang cekelan saka tangane wong wadon mau, nanging ora ketemu.
21 Banjur takon marang wong ing sacedhake kono: “Tiyang estri tuna-susila ingkang sabenipun linggih wonten pinggir margi dhateng Enaim ngriki punika, sapunika wonten pundi?” Wangsulane kang ditakoni: “Ngriki boten wonten tiyang estri tuna-susila!”