2 Ana ing kono Yehuda weruh anake wadon wong Kanaan jenenge Syua, iku nuli diepek somah lan banjur kumpul.
3 Wong wadon mau temah ngandhut sarta nglairake anak lanang kang dijenengake Er.
4 Sawuse mangkono somahe mau banjur nglairake anak lanang maneh dijenengake Onan.
5 Tumuli nglairake anak lanang sapisan engkas, anake mau dijenengake Syela. Anggone nglairake mau nalika Yehuda pinuju ana ing Khezib.
6 Sawuse iku Yehuda nggolekake jodho Er anake pembarep, jenenge Tamar.
7 Nanging Er pembarepe Yehuda iku ora ndadekake keparenge Sang Yehuwah, mulane dipateni dening Sang Yehuwah.
8 Yehudah banjur tutur marang Onan: “Kowe kumpula karo tilas somahe kakangmu, iku epeken bojo, kowe dadia gegentine kakangmu, supaya kowe menehana turun marang kakangmu.”