27 Kacarita nalika wus tumeka ing leke anggone bakal nglairake anak, lah bayine kang ana ing guwa-garba iku kembar.
28 Lan sajrone nglairake, kelakon bayine salah siji ngetokake tangane, iku banjur dicekel dening bidhane, tangane ditaleni nganggo lawe abang tuwa; bidhane tumuli ngucap: “Iki kang lair dhisik!”
29 Nanging bareng tangane ditarik lumebu maneh, banjur sadulure kang lair, bidhane banjur ngucap: “Wah pancen rosa temenan kowe, dene bisa ndhisiki metu!” Mulane bocahe dijenengake Peres.
30 Sawuse mangkono adhine kang tangane ana lawene abang tuwa mau lair; dene iku dijenengake Zerah.