1 Anadene Yusuf wus digawa menyang tanah Mesir, banjur dipundhut dening Sang Potifar, abdi daleme Sang Prabu Pringon, panggedhening prajurit tamtama, wong Mesir. Anggone mundhut saka wong-wong Ismael kang nggawa mrono.
2 Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, temah dadi wong kang tansah binarkahan ing sadhengah pagaweane, sarta kelilan manggon ing daleme bendarane, wong Mesir mau.
3 Bareng bendarane ngreti yen Pangeran Yehuwah nunggil karo Yusuf, sarta sabarang kang digarap tumindak becik,
4 temahan Yusuf oleh sihe bendarane kepareng dadi paladene. Malah nganti dipasrahi mengku dalem lan dipracaya nguwasani sabarang kagungane kabeh.