19 Bareng bendarane midhanget ature kang garwa: “Makaten lan makaten pandamelanipun abdi panjenengan dhateng kula,” temah bendarane muntab dukane.
20 Yusuf tumuli dicekel dening bendarane lan dilebokake ing pakunjaran, papan kanggo nahan wong-wong kang kaluputan marang Sang Prabu. Kaya mangkono anggone Yusuf kinunjara.
21 Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, kaparingan sih lan diolehake ati saka panggedhene pakunjaran.
22 Panggedhe pakunjaran mau nganti mracayakake sakehe tahanan marang pangreksane Yusuf, lan sakehe pagawean kang kudu ditindakake ana ing kono, iya Yusuf kang ngurus.
23 Panggedhe pakunjaran wus ora ngawruhi apa-apa tumrap samubarang kang wus dipasrahake marang Yusuf, marga Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf lan apa kang ditindakake iku dilestarekake dening Sang Yehuwah.