4 temahan Yusuf oleh sihe bendarane kepareng dadi paladene. Malah nganti dipasrahi mengku dalem lan dipracaya nguwasani sabarang kagungane kabeh.
5 Mangka wiwit nalika maringi pangwasa marang Yusuf mengku dalem lan sakabehe barang kagungane mau, Sang Yehuwah mberkahi daleme wong Mesir iku, sabab saka Yusuf, satemah berkahe Sang Yehuwah iku nyrambahi ing sabarang kagungane kabeh, dadia kang ana ing dalem, dadia kang ana ing pategalan.
6 Sabarang kagungane kabeh dipasrahake marang pangwasane Yusuf, lan marga saka kabiyantu dening Yusuf Sang Potifar wus ora prelu ngatur apa-apa maneh kajaba mung kang didhahar piyambak.Anadene Yusuf iku tindak-tanduke ngresepake lan bagus rupane.
7 Bareng wis sawatara mangsa, garwane bendarane mirsani Yusuf kalawan kagungan sir, sarta ngandika: “Ayo, turua karo aku!”
8 Nanging Yusuf ora gelem lan matur marang bendarane putri: “Sapunika bendara kawula boten prelu ngatur punapa ingkang wonten ing salebeting dalem punika malih, sarta sadaya kagunganipun sampun dipun pasrahaken ing tangan kawula,
9 malah ing salebeting dalem punika boten wonten ingkang boten dipun pasrahaken dhateng kawula, kajawi namung panjenengan dalem; margi panjenengan dalem punika garwanipun. Ingkang punika kados pundi anggen kawula badhe nglampahi piawon ageng makaten saha damel dosa dhateng Gusti Allah?”
10 Lan sanadyan saben dina Yusuf tansah dibujuk, ewasamono Yusuf ora nuruti kang dadi karsane ndherek sare lan tumindak nistha karo panjenengane.