1 Kacarita manungsa iku banjur sapaturon kalawan Kawa bojone, iku banjur ngandheg sarta anak-anak Kain, pangucape Kawa: “Aku wus oleh wong lanang marga saka pitulungane Gusti Allah.”
2 Sawuse iku nuli nglairake Abel, adhine Kain; Abel mau dadi pangon wedhus lan Kain dadi wong tani.
3 Kacarita sawuse kelakon sawatara mangsa Kain ngaturake kurban marang Sang Yehuwah awujud pametune bumi,
4 dene Abel iya ngaturake kurban awujud cempe pembarep sagajihe. Anadene Sang Yehuwah karenan marang Abel lan kurbane,
5 nanging Kain lan kurbane ora ndadekake pirenane. Jalaran saka iku atine Kain panas banget lan peteng ulate.
6 Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Kain: “Yagene atinira panas lan yagene ulatira peteng?