17 Kacarita Kain sapaturon karo bojone, iku banjur ngandhut, sarta anak-anak Henokh; sawuse mangkono Kain banjur mbangun kutha, kutha mau dijenengake Henokh, kaya jenenge anake.
18 Henokh nurunake Irad, Irad nurunake Mekhuyael, Mekhuyael nurunake Metusael. Metusael nurunake Lamekh.
19 Anadene Lamekh mau bojone loro, kang siji jenenge Ada, sijine Zila.
20 Ada nglairake Yabal, iku dadi lelurine wong kang padha manggon ing tarub lan ngingu raja-kaya.
21 Dene adhine jenenge Yubal, iku dadi lelurine para panyiter lan panyuling.
22 Zila uga nglairake anak yaiku Tubal-Kain, lelurine para tukang tembaga lan pandhe wesi, dene adhine Tubal-Kain mau wadon, jenenge: Naama.
23 Lamekh mau tutur marang somahe sakarone: “Ada karo Zila, rungokna swaraku, he somahe Lamekh, tilingna tembungku iki: Wong kang natoni aku wus dakpateni, mangkono uga jejaka kang gawe mlicetku.