14 Nanging, kula aturi enget dhateng kula samangsa panjenengan sampun manggih sakeca, mugi karsaa nandukaken kasaenan dhateng kula, nglantaraken prakawis kula punika dhateng Sang Prabu Pringon, saha nyuwun tulung supados kawedalna saking griya punika.
15 Awitdene kula punika dipun colong dipun culik makaten kemawon saking tanahipun tiyang Ibrani, saha wonten ing ngriki kula inggih boten nate nglampahi punapa-punapa, ingkang njalari kula pantes dipun lebetaken ing luweng tutupan punika.”
16 Lurah juru among dhaharan bareng krungu yen anggone negesi becik, banjur celathu marang Yusuf: “Aku iya uga ngimpi, lah katone aku nyunggi tenong sungsun telu isi dhaharan.
17 Dene tenong kang dhuwur isi dhaharan warna-warna kagem Sang Prabu Pringon, olah-olahane juru masak; nanging tenong kang daksunggi mau isine banjur dipangani manuk.”
18 Yusuf banjut mangsuli: “Makaten tegesipun impen wau! Tenong sungsun tiga inggih tigang dinten.
19 Salebetipun tigang dinten punika Sang Prabu Pringon badhe nginggahaken panjenengan dhateng papan ingkang inggil, panjenengan badhe dipun gantung ing cagak, saha peksi-peksi badhe nedha daginging salira panjenengan.”
20 Kacarita bareng telung dinane, mbeneri dina wiyosane Sang Prabu Pringon, panjenengane nganakake pista kanggo para punggawane, kabeh lurah pangunjukan lan lurah dahaharan padha disengkake sirahe ana ing satengahe para abdi.