3 Sakarone padha ditahan ana ing daleme panggedhe prajurit tamtama ana ing pakunjaran panggonane Yusuf katahan.
4 Panggedhe prajurit mau banjur matah Yusuf ngladeni priyayi tahanan loro mau. Kaya mangkono priyayi loro mau anggone katahan nganti sawatara suwene.
5 Ing sawijining bengi lurah sakarone padha ngimpi, impene dhewe-dhewe, iya iku lurah pangunjukan lan lurah dhaharane raja Mesir kang padha ditahan ana ing pakunjaran mau, anggone ngimpi tunggal sawengi, lan tegese impen iya beda-beda.
6 Nalika esuke Yusuf teka mrono, banjur sumurup yen sakarone lagi padha sedhih atine.
7 Yusuf banjur takon marang punggawane Sang Prabu Pringon kang padha ditahan tunggal sapakunjaran karo dheweke ana ing daleme bendarane iku, ature: “Kenging punapa dinten punika panjenengan kok sami katingal sedhih makaten?”
8 Wangsulane lurah sakarone: “Aku padha ngimpi, nanging ora ana wong kang bisa nerangake tegese.” Ature Yusuf marang wong-wong mau: “Ingkang nerangaken impen punika rak namung Gusti Allah” Sumangga, impen wau kula aturi nyariyosaken dhateng kula!”
9 Lurah pangunjukan banjur nyaritakake impene marang Yusuf, celathune: “Ing sajroning impen mau aku werung wit anggur ana ngarepku.