9 Lurah pangunjukan banjur nyaritakake impene marang Yusuf, celathune: “Ing sajroning impen mau aku werung wit anggur ana ngarepku.
10 Wit anggur iku ana pange telu, lagi bae anggone semi, nuli iya metu kembange lan dhompolane padha metokake woh kang mateng-mateng.
11 Dene gelas pangunjukane Sang Prabu Pringon ana ing tanganku, woh anggur mau banjur dakjupuk dakperes ana ing gelas pangunjukane Sang Prabu Pringon lan gelase nuli dakaturake ing astane Sang Prabu Pringon.”
12 Ature Yusuf: “Tegesipun impen wau makaten: Pang tiga punika tigang dinten,
13 salebetipun tigang dinten punika Sang Prabu Pringon badhe nginggahaken panjenengan, saha mangsulaken panjenengan dhateng kalenggahan panjenengan ingkang lami, temah panjenengan badhe nyaosaken gelas pangunjukan dhateng Sang Pringon kados kala rumiyin nalika panjenengan ngasta lurah pangunjukan.
14 Nanging, kula aturi enget dhateng kula samangsa panjenengan sampun manggih sakeca, mugi karsaa nandukaken kasaenan dhateng kula, nglantaraken prakawis kula punika dhateng Sang Prabu Pringon, saha nyuwun tulung supados kawedalna saking griya punika.
15 Awitdene kula punika dipun colong dipun culik makaten kemawon saking tanahipun tiyang Ibrani, saha wonten ing ngriki kula inggih boten nate nglampahi punapa-punapa, ingkang njalari kula pantes dipun lebetaken ing luweng tutupan punika.”