31 Kaluberan ingkang kapengker sampun boten katawis tilasipun wonten ing tanah punika, awit saking pailan ingkang nusul wau langkung dening awratipun.
32 Wondene supenan wau dipun wangsuli ngantos rambah kaping kalih punika kagem Sang Prabu Pringon ateges: bilih prakawis punika sampun dados keputusanipun Gusti Allah, saha Gusti Allah temtu tumunten enggal badhe nindakaken.
33 Ingkang punika, dhuh Sang Prabu Pringon, mugi karsaa matah salah satunggaling tiyang ingkang lantip saha wicaksana, kadhawuhana mengku satanah Mesir.
34 Kajawi punika Sang Prabu Pringon ugi nindakna makaten: inggih punika ngangkat para juru niti-priksa wonteng ing nagari ngriki, saha karsaa mundhut sapragangsalipun pamedaling tanah ing salaminipun mangsa mirah tedha pitung taun punika.
35 Sami kadhawuhana nglempakaken sawarnining bahan tedha ing salebetipun taun-taun sae ingkang badhe kalampahan punika, saha nandhoa gandum ingkang dados kagunganipun Sang Prabu Pringon, kasimpena ing kitha-kangge tandhon tedha.
36 Kalayan makaten sadaya bahan tedha wau lajeng dados tandhon kangge kaperluaning nagari punika salaminipun pailan pitung taun ingkang badhe kalampahan wonten ing tanah Mesir, supados nagari punika sampun ngantos risak margi wontenipun pailan punika.”
37 Atur pirembag kang mangkono iku didhahar dening Sang Prabu Pringon dalah sakehe para punggawane.