37 Atur pirembag kang mangkono iku didhahar dening Sang Prabu Pringon dalah sakehe para punggawane.
38 Sang Prabu Pringon banjur ngandika marang para punggawane: “Apa iya kita bisa nemu wong kang kadunungan Rohing Allah kaya iki?”
39 Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Sarehne Gusti Alalh wus paring sumurup marang sira, dadi ora ana wong kang lantip lan wicaksana kaya sira.
40 Mulane sira kang nguwasanana kadhatoningsun, sarta sakehe para kawulaningsun kabeh ngestokna prentahira, mung marga saka dhampar iki bae anggoningsun ngungkuli sira.”
41 Karomaneh pangandikane Sang Prabu Pringon marang Yusuf: “Lah sira sunangkat dadi kang mengku satanah Mesir kabeh.”
42 Sang Prabu Pringon tumuli nglolos sesupune cap saka astane banjur dianggokake ing drijine Yusuf, sarta dianggoni sandhangan mori alus lan gulune dikalungi kalung mas.
43 Karodene ditunggangake ing kreta titihane piyambak kang nomer loro, sarta ing ngarepe ana kang alok-alok: “Hurmat!” Mangkono anggone Yusuf diangkat dening Sang Prabu Pringon dadi kang mengku satanah Mesir kabeh.