1 Bareng Rama Yakub midhanget kabar yen ing tanah Mesir ana gandum, banjur ngandika marang para putrane: “Yagene kowe kok padha pandeng-pandengan bae?”
2 Karomaneh pangandikane: “Aku krungu kabar yen ing Mesir ana gandum, bok kowe padha mrana, nempura gandum kanggo kita, supaya kita padha bisa lestaria urip, aja nganti mati.”
3 Sadhereke Sang Yusuf sapuluh banjur padha budhal menyang Mesir nempur.
4 Nanging Yakub ora marengake Benyamin, rayine Sang Yusuf, melu para sadulure, sabab kagungan panggalih: “Bokmanawa nemu alangan mengko.”
5 Dadi ing antarane wong-wong kang padha nempur gandum mau kalebu uga para putrane Israel, marga tanah Kanaan uga wus kambah ing pailan.