10 Ature para sadhereke: “Boten Gusti! Sowanipun dalem punika namung badhe nempur.
11 Kawula sdaya punika sami tunggil bapa, sami tiyang temen, abdi dalem sanes telik.”
12 Nanging pangandikane Sang Yusuf marang para sadhereke: “Ora! Tekamu mrene mesthi arep nelik nagara kene iki endi sing ora dijaga.”
13 Ature para sadhereke: “Abdi dalem punika tunggilipun kalih welas jaler sadaya, sami tunggil bapa wonten ing tanah Kanaan, nanging ingkang wuragil sapunika kantun wontening panggenanipun bapa kawula, dene ingkang setunggal sampun boten wonten.”
14 Ing kono Sang Yusuf ngandika maneh: “Wus cukup; kaya kang wus dakkandhakake mau, kowe iku padha telik.
15 Ing bab prakara iki kowe kudu katiti-priksa, demi sugenge Sang Prabu Pringon, kowe mesthi bakal ora bisa padha lunga saka ing kene, yen sadulurmu wuragil iku ora teka mrene.
16 Salah siji panunggalanmu konen marani adhimu, dene liyane kari ana ing kene, ditahan; temah tembungmu bakal ketitik, apa kowe pancen temen; dene manawa ora, demi sugenge Sang Prabu Pringon, mesthi kowe iku padha dadi telik.”