25 Sawuse iku Sang Yusuf banjur dhawuh, bagore padha kaisenana gandum lan dhuwite supaya dibalekake, siji-sijine ing bagore dhewe-dhewe, sarta maneh supaya padha diparingana sangu kanggo mulihe.
26 Gandume tumuli dimotake ing kuldine, banjur padha mangkat saka ing kono.
27 Satekane ing pondhokan, bareng salah siji mbukak bagore arep makani kuldine, nuli weruh duwite ana ing jero bagor tumumpang ing dhuwur gandum.
28 Celathune marang para sadulure: “Dhuwitku dibalekake, delengen, ana ing jero bagorku!” Ing kono kabeh padha entek atine, padha pandeng-pandengan kalawan dheg-dhegan sarta ngucap: “Apa bae kang ditandukake Gusti Allah marang kita iki?”
29 Bareng wis tekan ing Kanaan ing daleme Rama Yakub, kang rama, banjur padha nyaritakake kabeh apa kang wus dialami, ature:
30 Priyantun ageng ingkang nguwaosi nagari ngrika punika, anggenipun ngandikani kula kaliyan nyentak-nyentak, kula sami dipun dakwa badhe nelik nagarinipun.
31 Nanging kula lajeng sami matur: Kula punika tiyang temen, sanes telik,