28 Celathune marang para sadulure: “Dhuwitku dibalekake, delengen, ana ing jero bagorku!” Ing kono kabeh padha entek atine, padha pandeng-pandengan kalawan dheg-dhegan sarta ngucap: “Apa bae kang ditandukake Gusti Allah marang kita iki?”
29 Bareng wis tekan ing Kanaan ing daleme Rama Yakub, kang rama, banjur padha nyaritakake kabeh apa kang wus dialami, ature:
30 Priyantun ageng ingkang nguwaosi nagari ngrika punika, anggenipun ngandikani kula kaliyan nyentak-nyentak, kula sami dipun dakwa badhe nelik nagarinipun.
31 Nanging kula lajeng sami matur: Kula punika tiyang temen, sanes telik,
32 kula sasedherek waunipun sadaya kalih welas sami tunggil bapa, satunggal sampun boten wonten, ingkang satunggal wuragil kantun wonten griyanipun bapa kula ing tanah Kanaan.
33 Priyantunipun ingkang nguwaosi negari ngrika lajeng ngandika malih: Anggonku weruh yen kowe padha won temen iku titikane mangkene: Salah sijine sadulurmu karia kene, liyane muliha karo nggawa gandum kanggo tamba luwene brayatmu.
34 Adhimu kang wuragil gawanen mrene, dadi aku bakal weruh yen kowe padha wong temen, dudu telik, nuli sadulurmu mau bakal dakbalekake maneh marang kowe, lan kowe bakal padha kalilan ndlajahi tanah kene.”