7 Bareng Sang Yusuf mirsa para sadhereke, ora pangling, nanging Sang Yusuf ethok-ethok ora ngretos, malah disentak sarta dipangandikani: “Kowe kabeh iku saka ngendi?” Ature kang kadangu: “Saking tanah Kanaan, badhe nempur.”
8 Pancen Sang Yusuf ora pangling marang para sadhereke, nanging para sadhereke padha pangling marang panjenengane.
9 Sang Yusuf tumuli kengetan marang supenane ing bab para sadhereke. Bajur ngandika maneh: “Kowe iku mesthi telik, tekamu mrene arep nitik-nitik ngendi panggonan kang ora dijaga.”
10 Ature para sadhereke: “Boten Gusti! Sowanipun dalem punika namung badhe nempur.
11 Kawula sdaya punika sami tunggil bapa, sami tiyang temen, abdi dalem sanes telik.”
12 Nanging pangandikane Sang Yusuf marang para sadhereke: “Ora! Tekamu mrene mesthi arep nelik nagara kene iki endi sing ora dijaga.”
13 Ature para sadhereke: “Abdi dalem punika tunggilipun kalih welas jaler sadaya, sami tunggil bapa wonten ing tanah Kanaan, nanging ingkang wuragil sapunika kantun wontening panggenanipun bapa kawula, dene ingkang setunggal sampun boten wonten.”