1 Nanging pailan ing nagara kono sangsaya ngedab-edabi.
2 Bareng gandum olehe nempur para putra saka Mesir wus entek dipangan, kang rama tumuli ngandika: “Padha lungaa maneh nempur sathithik kanggo kita!”
3 Yehuda banjur matur: “Priyantun ageng punika welingipun wantos-wantos: Poma kowe aja nganti ngaton mrene maneh, manawa ora karo adhimu!
4 Ingkang punika manawi rama marengaken adhi kula bidhal sareng kula, kula inggih sami badhe mangkat bidhal nempur kagem rama.
5 Nanging manawi rama boten marengaken tumut, kula sadaya inggih boten badhe bidhal, margi priyantun ageng wau dhawuhipun dhateng kula: Poma kowe aja nganti mrene maneh, manawa adhimu ora kokajak bareng.”
6 Rama Israel banjur ngandika: “Yagene kowe nganti padha gawe susahing atiku, ndadak ngandharake marang panggedhe mau, yen kowe isih padha duwe adhi maneh?”
7 Ature para putra: “Priyagung punika ndhedhes-ndhedhes dhateng kula sadaya tumrap kula piyambak-piyambak dalah ahli waris kula, pandangunipun: Apa bapakmu isih urip? Apa kowe isih duwe adhi? Kula lajeng sami ngaturi wangsulan ing saleresipun. Mila ngertos kula saking pundi, bilih badhe wonten dhawuh: Adhimu iku gawanen mrene!”