23 Wangsulane abdi mau: “Kula aturi nyakecakaken kemawon, sampun ajrih! Gusti Allah panjenengan saha Gusti Allahipun ingkang rama ingkang ngangsalaken bandha ingkang kapendhem ing bagor panjenengan; arta panjenengan sampun kula tampeni.” Sawuse mangkono Simeon banjur diwetokake sarta digawa mrono ketemu karo para sadulure.
24 Bareng wus diirid mlebu menyang ing daleme Sang Yusuf, tumuli diwenehi banyu, supaya padha wisuh sikil; karodene kuldine iya padha dipakani.
25 Tumuli padha nyawisake atur-ature, karo ngenteni kondure Sang Yusuf ing wayah awan; awitdene wus padha ngerti yen bakal padha mangan ana kono.
26 Sakondure Sang Yusuf, banjur disaosi atur-atur gawane, kagawa lumebu menyang ing dalem, lan padha sumungkem ing bumi ana ing ngarsane.
27 Banjur padha didangu bab kaslametane sarta pangandikane: “Bapakmu kang wus tuwa kang kokcaritakake biyen iku apa slamet? Apa isih urip?”
28 Ature para sadhereke: “Abdi dalem bapa kawula wilujeng, taksih gesang.” Banjur padha jengkeng lan tumungkul.
29 Sang Yusuf bareng mirsani Benyamin rayine, tunggil ibu, tumuli ngandika: “Apa iku adhimu kang wuragil, kang kokcaritakake marang aku biyen?” Sarta ngandika maneh: “O, engger, Gusti Allah muga ngganjara sihrahmat marang kowe.”