8 Yehuda banjur matur marang Rama Israel, kang rama: “Lare punika mugi dipun parengna pangkat sareng kaliyan kula, tumunten sami badhe tata-tata tuwin enggal pangkat, supados kula sami lestantun gesang, sampun ngantos sami ngalami pejah, inggih kula, inggih rama, samanten ugi anak-anak kula.
9 Kula ingkang nanggel pun adhi, rama mundhuta saking kula, manawi ngantos boten kula aturaken dhateng rama, saha kula papanaken wonten ngarsanipun rama; kula ingkang nandhang dosa dhateng rama ing salaminipun.
10 Manawi kita boten rendhet makaten, mesthi sampun sami wangsul kaping kalih.”
11 Ing kono pangandikane kang rama marang para putra: “Iya wis ta, manawa mangkono, kowe padha nglakonana mangkene: Goleka pametune tanah kene kang becik dhewe, wadhahana ing bagormu, gawenen atur-atur marang panggedhe Mesir mau, kayata: Rasamala sathithik, anggi-anggi lan blendok lod, kemiri lan woh saked.
12 Lan nggawaa dhuwit tikel, dhuwit kang wus dibalekake ana ing jero karungmu biyen iku gawanen mrana maneh, bokmanawa kliru.
13 Adhimu ajaken, endang enggal padha mangkata, balia marang ing ngarsane panggedhe iku!
14 Gusti Allah Kang Mahakuwaos muga karsaa ngosikake panggalihe panggedhe mau satemah kowe padha oleh kawelasan, supaya nglilanana sadulurmu sijine karo Benyamin padha mulih bareng salakumu. Dene mungguh aku iki, manawa meksa kudu kelangan anak-anakku, iya wis kareben kelangan.”