1 Sawuse mangkono Sang Yusuf banjur dhawuh marang kang nguwasani daleme, pangandikane: “Bagore wong-wong iku isinana gandum ing sakuwate anggone nggawa, lan dhuwite siji-sijine dokokna ing jero bagor tumumpang ing dhuwure.
2 Lan tuwungku, tuwung selaka iku dokokna ing jerone bagore kang wuragil tumpangna ing dhuwur dalah dhuwit patukone gandum.” Abdi mau iya banjur nglakoni apa sadhawuhe Sang Yusuf.
3 Esuke bareng wus bangun raina, para sadhereke Sang Yusuf dililani budhal dalah kuldi-kuldine.
4 Nanging lagi tekan sajabane kutha, durung adoh, Sang Yusuf dhawuh marang abdi kang nguwasani daleme: “Dienggal, wong-wong mau oyaken, dene samangsa wus kecandhak padha tuturana mangkene: Yagene kowe males ala marang panggawa becik?
5 Iki rak tuwung pangunjukane gustiku, lan kang adate kagem mbebedhek? Ala temen pratingkahmu kang mengkono iku.”
6 Bareng wus padha ketututan, iya banjur dituturi kaya saprentahe Sang Yusuf.
7 Para sadhereke Sang Yusuf banjur padha mangsuli: “Kadospundi bendara kok ngandika makaten? Tinebihna saking kula sadaya, manawi ngantos nglampahana pratingkah kados makaten punika!