11 Tumuli siji-sijine enggal ngudhunake bagore ana ing lemah, sarta mbukaki bagore dhewe-dhewe.
12 Utusan mau banjur wiwit nggledhahi kanthi njlimet, kawiwitan saka kang tuwa nganti tumeka kang nom; wasana tuwunge ketemu ana ing bagore Benyamin.
13 Tumuli kabeh padha nyuwek panganggone, sarta siji-sijine padha ngemoti kuldine maneh, banjur padha bali menyang nagara.
14 Bareng Yehuda lan para sadulure padha tekan ig daleme Sang Yusuf, Sang Yusuf isih ana ing kono, tumuli padha sumungkem ing bumi ana ing ngarsane.
15 Sang Yusuf banjur ngandika marang para sadhereke: “Pratingkah apa kang padha koklakoni iku? Apa kowe padha ora ngreti, yen wong kaya aku iki mesthi bisa mbedhek?”
16 Ature Yehuda: “Kawula badhe munjuk punapa dhateng gusti kawula? Punapa iangkang badhe kawula lairaken? Saha kados pundi anggen kawula badhe ngleresaken badan kawula? Gusti allah sampun melehaken dhateng abdi dalem sadaya, lan kawula sami dados abdinipun gusti kawula, inggih kawula sadaya, inggih ingkang pinanggih kanggenan tuwung punika.”
17 Nanging pangandikane Sang Yusuf: “Iku adoha saka aku yen ta aku nganti nindakake kang mangkono! Wong kang ketemu kanggonan tuwung iku bae kang dadi budhakku, nangging kowe kabeh muliha menyang panggonane bapakmu kalawan slamet.”