19 Kala rumiyin gusti kawula ndangu dhateng ingkang abdi: Apa kowe isih padha duwe bapa utawa isih duwe sadulur?
20 Kawula lajeng munjuk dhateng gusti kawula: Inggih, abdi dalem taksih sami gadhah bapa ingkang sampun sepuh, sarta taksih wonten jejaka ingkang lairipun nalika pun bapa sampun sepuh; kakangipun sampun tilar donya, namung kantun satunggal punika ingkang tunggil biyung, mila lare wau sanget dipun tresnani dening bapa kawula.
21 Panjenengan dalem tumunten ngandika dhateng para abdi dalem: Adhimu iku gawanen seba menyang ngarepku kene, supaya aku bisa weruh.
22 Kawula lajeng munjuk dhateng gusti kawula: Pun adhi temtu boten saged nilar bapa kawula, saupami bapa kawula katilar temtu nemahi pejah.
23 Ing ngriku panjenengan dalem ngandika malih dhateng para abdi dalem: Manawa adhimu kang wuragil iku ora melu kowe mrene, kowe padha ora kena sowan marang ing ngarsaku maneh.
24 Wondene sareng kawula sampun sami wangsul wonten ing ngajenganing abdi dalem, bapakipun dalem, tumunten kawula cariyosi menggah dhawuh pangandikanipun gusti kawula.
25 Bapa kawula lajeng wicanten: Padha balia maneh, nempura sathithik kanggo kita.