4 Nanging lagi tekan sajabane kutha, durung adoh, Sang Yusuf dhawuh marang abdi kang nguwasani daleme: “Dienggal, wong-wong mau oyaken, dene samangsa wus kecandhak padha tuturana mangkene: Yagene kowe males ala marang panggawa becik?
5 Iki rak tuwung pangunjukane gustiku, lan kang adate kagem mbebedhek? Ala temen pratingkahmu kang mengkono iku.”
6 Bareng wus padha ketututan, iya banjur dituturi kaya saprentahe Sang Yusuf.
7 Para sadhereke Sang Yusuf banjur padha mangsuli: “Kadospundi bendara kok ngandika makaten? Tinebihna saking kula sadaya, manawi ngantos nglampahana pratingkah kados makaten punika!
8 Lah arta anggen kula manggih wonten lebet bagor tumumpang ing nginggil, sampun kula bekta wangsul saking tanah Kanaan katur panjenengan, kados pundi dene kula ngantos mendhet mas utawi salaka saking dalemipun gusti panjenengan?
9 Sinten ingkang pinanggih kanggenan tuwung punika, mugi kapejahana, saha kula sadaya dadosa abdinipun gusti kula.”
10 Pangucape utusan mau: “Usulmu iku becik! Sapa kang ketemu kanggonan tuwung, iku dadi budhakku, lan liya-liyane padha ora salah.”