6 Bareng wus padha ketututan, iya banjur dituturi kaya saprentahe Sang Yusuf.
7 Para sadhereke Sang Yusuf banjur padha mangsuli: “Kadospundi bendara kok ngandika makaten? Tinebihna saking kula sadaya, manawi ngantos nglampahana pratingkah kados makaten punika!
8 Lah arta anggen kula manggih wonten lebet bagor tumumpang ing nginggil, sampun kula bekta wangsul saking tanah Kanaan katur panjenengan, kados pundi dene kula ngantos mendhet mas utawi salaka saking dalemipun gusti panjenengan?
9 Sinten ingkang pinanggih kanggenan tuwung punika, mugi kapejahana, saha kula sadaya dadosa abdinipun gusti kula.”
10 Pangucape utusan mau: “Usulmu iku becik! Sapa kang ketemu kanggonan tuwung, iku dadi budhakku, lan liya-liyane padha ora salah.”
11 Tumuli siji-sijine enggal ngudhunake bagore ana ing lemah, sarta mbukaki bagore dhewe-dhewe.
12 Utusan mau banjur wiwit nggledhahi kanthi njlimet, kawiwitan saka kang tuwa nganti tumeka kang nom; wasana tuwunge ketemu ana ing bagore Benyamin.