12 Anak-anake Yehuda: Er, Onan, Syela, Peres lan Zerah, nanging Er lan Onan wus padha mati ana ing tanah Kanaan; lan anak-anake Peres yaiku: Hezron lan Hamul.
13 Anak-anake Isakhar: Tola, Pua, Ayub lan Simron.
14 Anak-anake Zebulon yaiku: Sered, Elon lan Yahleel.
15 Iku mau para turune Ibu Lea patutan saka Rama Yakub ana ing Padan-Aram, samono uga Dina putrane putri. Dadi putra wayahe lanang wadon iku gunggunge kabeh telung puluh telu.
16 Anak-anake Gad yaiku: Zifyon, Khagi, Syuni, Ezbon, Eri, Arodi lan Areli.
17 Anak-anake Asyer yaiku: Yimna, Yiswa, Yiswi lan Beria, lan sadulure wadon jenenge: Serah. Anak-anake Beria yaiku: Heber lan Malkiel.
18 Iku mau anak-putune Zilpa, selir anggone menehi Laban marang anake wadon Lea; dadi Zilpa anggone patutan karo Yakub iku gunggunge nembelas.