6 Karodene iya padha nggawa raja-kayane lan barang darbeke, oleh-olehane ana ing tanah Kanaan. Banjur kabeh wus padha tekan ing tanah Mesir, yaiku Rama Yakub lan satedhake kabeh, padha bebarengan karo panjenengane.
7 Para putra lan wayahe lanang lan wadon, satedhake kabeh padha diboyongi menyang ing tanah Mesir.
8 Iki jenenge para putrane Rama Israel kang padha teka ing Tanah Mesir, yaiku Rama Yakub lan para tedhake: Pembajenge Rama Yakub iku Ruben.
9 Anak-anake Ruben: Henokh, Palu, Hezron lan Karmi.
10 Anak-anake Simeon: Yemuel, Yamin, Ohad, Yakhin lan Zohar, sarta Saul anake wong wadon Kanaan.
11 Anak-anake Lewi: Gerson, Kehat lan Merari.
12 Anak-anake Yehuda: Er, Onan, Syela, Peres lan Zerah, nanging Er lan Onan wus padha mati ana ing tanah Kanaan; lan anak-anake Peres yaiku: Hezron lan Hamul.