Purwaning Dumadi 47:18-24 JAV

18 Sawuse kliwat setaun, wong-wonge banjur padha seba maneh marang ngarsane Sang Yusuf ing taun kang kapindhone, ature: “Boten sisah kawula selak wonten ngarsanipun gusti kawula, sarehning arta sampun telas, sarta sawontenipun raja-kaya sampun katur sadaya dhateng gusti kawula, dados sampun boten wonten malih ingkang kawula aturaken ing ngarsanipun gusti kawula, kejawi namung badan kawula saha pasiten kawula.

19 Punapa kawula sami kedah pejah wonten ngarsanipun gusti kawula, inggih kawula dalah pasiten kawula? Panjenengan dalem mugi karsaa mundhut badan saha pasiten kawula kalintonana tedha, dene kawula dalah pasiten kawula badhe lumados dhateng Sang Prabu Pringon. Sarta malih panjenengan dalem mugi karsaa maringi winih, supados kawula sami gesang, sampun ngantos pejah, saha bumi ing ngriki sampun ngantos dados cengkar.”

20 Sang Yusuf banjur mundhut kabeh tanahe wong Mesir dadi kagungane Sang Prabu Pringon, awitdene siji-sijine wong Mesir padha ngedol pategalane marga saka bangeting pailan kang dialami. Kaya mangkono satanah kabeh dadi kagungane Sang Prabu Pringon.

21 Dene mungguh rakyate iku padha dimagawekake wiwit saka wates sisih kene nganti tekan wates sisih kana.

22 Mung bumi darbeke para imam iku ora dipundhut, marga para imam iku padha tampa cadhong tetep saka Sang Prabu Pringon, sarta anggone padha mangan saka peparinge Sang Prabu Pringon iku, mulane padha ora ngedol palemahane.

23 Sang Yusuf tumuli ngandika marang rakyat mau: “Lah wiwit dina iki kowe dalah palemahanmu wus daktuku dadi kagungane Sang Prabu Pringon. Enya, iki winih, supaya kowe bisa nyebari lemah iku.

24 Dene mungguh pametune iku: sapralimane ladekna marang Sang Prabu Pringon, dene kang patang pralimane iku dadia pandumanmu kanggo winih lan kanggo panganmu lan brayatmu apadene anak-anakmu.”