2 Para sadhereke ana lima kang diajak ngadhep Sang Prabu Pringon.
3 Sang Prabu Pringon tumuli ndangu marang para sadhereke Sang Yusuf mau: “Apa kang dadi panggaotanira?” Unjuke kang kadangu marang Sang Prabu Pringon: “Abdi dalem sami tiyang angen menda ugi para leluhur kawula.”
4 Karomaneh unjuke marang Sang Prabu Pringon: “Dhateng kawula badhe sami dados tiyang neneka wonten ing tanah ngriki, margi sampun boten wonten pangenan kangge menda-menda gadhahanipun dalem, awitdene tanah Kanaan ngrika kambah pailan ngedab-edabi, pramila abdi dalem mugi sami kelilana manggen wonten ing tanah Gosyen.”
5 Sang Prabu Pringon banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Bapakira lan sadulurira padha nekani sira,
6 tanah Mesir iki ngeblag tumrap sira. Bapakira lan sadulurira tuduhana panggonan kang becik dhewe, kareben padha manggon ana ing tanah Gosyen. Dene manawa sira weruh ing saantarane panunggalanira ana kang trengginas, padha sira dadekna pemimpin pangoning raja-kaya kagunganingsun.”
7 Sang Yusuf tumuli uga ngirid kang Rama Yakub sowan ing ngarsane Sang Prabu Pringon. Rama Yakub nyuwunake berkah Sang Prabu Pringon.
8 Pandangune Sang Prabu Pringon marang Rama Yakub: “Sampeyan sampun umur pinten taun?”