23 Sang Yusuf tumuli ngandika marang rakyat mau: “Lah wiwit dina iki kowe dalah palemahanmu wus daktuku dadi kagungane Sang Prabu Pringon. Enya, iki winih, supaya kowe bisa nyebari lemah iku.
24 Dene mungguh pametune iku: sapralimane ladekna marang Sang Prabu Pringon, dene kang patang pralimane iku dadia pandumanmu kanggo winih lan kanggo panganmu lan brayatmu apadene anak-anakmu.”
25 Ature wong akeh iku: “Panjenengan dalem ingkang mitulungi gesang kawula, uger kawula sami manggih sih wonten ing ngarsanipun gusti kawula, kawula badhe nglampahi dados abdinipun Sang Prabu Pringon.”
26 Mangkono dadine pranatan iku ditetepake dening Sang Yusuf dadi undhang-undhang kang lestari nganti saprene tumrap bumine wong Mesir, yaiku sapralimane pametune iku dadi kagungane Sang Pringon, mung palemahane para imam ora dadi kagungane Sang Prabu Pringon.
27 Anadene pamanggone Israel ana tanah Mesir iku ana ing tanah Gosyen, lan padha dadi pendhudhuk ing kono, sarta padha bebranahan lan tangkar-tumangkar nganti dadi akeh banget.
28 Rama Yakub ana ing tanah Mesir isih kaparingan yuswa pitulas taun.
29 Nalika Rama Israel wus ngarapake seda, banjur nimbali kang putra Sang Yusuf, lan dipangandikani: “Manawa aku oleh sihmu, bok tanganmu tumpangna ing sangisore cethikku, sarta sumpaha, yen bakal nandukake katresnan lan kasetyan marang aku, yaiku: Aku aja kokkubur ana ing tanah Mesir!