26 Mangkono dadine pranatan iku ditetepake dening Sang Yusuf dadi undhang-undhang kang lestari nganti saprene tumrap bumine wong Mesir, yaiku sapralimane pametune iku dadi kagungane Sang Pringon, mung palemahane para imam ora dadi kagungane Sang Prabu Pringon.
27 Anadene pamanggone Israel ana tanah Mesir iku ana ing tanah Gosyen, lan padha dadi pendhudhuk ing kono, sarta padha bebranahan lan tangkar-tumangkar nganti dadi akeh banget.
28 Rama Yakub ana ing tanah Mesir isih kaparingan yuswa pitulas taun.
29 Nalika Rama Israel wus ngarapake seda, banjur nimbali kang putra Sang Yusuf, lan dipangandikani: “Manawa aku oleh sihmu, bok tanganmu tumpangna ing sangisore cethikku, sarta sumpaha, yen bakal nandukake katresnan lan kasetyan marang aku, yaiku: Aku aja kokkubur ana ing tanah Mesir!
30 Aku kepengin ana ing palereman amor karo para leluhurku. Kang iku aku gawanen metu saka ing tanah Mesir lan kuburen ana ing pasareane.” Ature Sang Yusuf: “Kula badhe ngestokaken sadhawuhipun rama.”
31 Pangandikane Rama Yakub: “Kowe sumpaha!” Sang Yusuf banjur supaos ana ing ngarsane. Rama Israel banjur sujud madhep ing pasareane kang sisih dhuwur.