1 Kacarita sawuse lelakon iku mau Sang Yusuf kaaturan uninga: “Rama dalem gerah!” Sang Yusuf tumuli ngajak putrane loro, Manasye lan Efraim.
2 Bareng Rama Yakub diaturi uninga: “Lah punika ingkang putra Sang Yusuf rawuh martuwi panjenengan.” Rama Israel tumuli ngiyat-ngiyatake sarirane lan lenggah ana ing pasareane.
3 Rama Yakub banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Gusti Allah Kang Mahakawasa, wus ngatingali aku ana ing Lus ing tanah Kanaan lan mberkahi aku,
4 sarta aku dipangandikani: Lah sira bakal Sundadekake bebranahan lan tangkar-tumangkar, sarta Sundadekake gegolonganing bangsa. Apadene turunira bakal Sunparingi tanah iki dadi ebeke ing salawas-lawase.
5 Kang iku anakmu loro kang laire patutan karo kowe ana ing tanah Mesir, sadurunge aku teka mrene, iku padha dadia anakku; Efraim lan Manasye dadia anakku padha kaya Ruben lan Simeon.
6 Nanging turunmu kang laire sawuse iku, tetepa dadi duwekmu, nanging bab anggone tampa warisan kagolongna atas jenenge sadulure loro mau.
7 Dene mungguh aku iki, nalika tekaku saka ing Padan, kepaten Rakhel ana ing tanah Kanaan ing dalan kang wus ora pati adoh karo Efrata, nuli dakkubur ana ing kono, ing pinggir dalan kang anjog ing Efrata,” -- iya iku Betlehem.