Purwaning Dumadi 48:14-20 JAV

14 Nanging Rama Israel anggone ngulungake astane tengen ditumpangake ing sirahe Efraim, sanadyan iku kang nom, lan astane kiwa ing sirahe Manasye, dadi anggone numpangake astane kagawe trajangan, mangka Manasye iku kang pembajeng.

15 Tumuli mberkahi marang Sang Yusuf:“Eyangku lan ramaku, Eyang Abraham lan Rama Iskak,tansah ngabekti marang Gusti Allah.Iya Gusti Allah iku kang dadi pangenkusajegku urip tekan saiki.

16 Sang Malaekat kang wusnguwalake aku saka sarupaning bebaya,muga karsaa mberkahi bocah-bocah anom iki,supaya dadia jalarane jenengku sarta asmane eyangku lan ramaku,iya Eyang Abraham lan Rama Iskakdadi misuwur marga saka bocah-bocah iki,sarta padha ngambra-ambranganti dadi akeh banget ana ing bumi.”

17 Bareng Sang Yusuf mirsa yen kang rama anggone numpangake astane tengen ana ing sirahe Efraim, iku kawawas kurang prayoga, mulane nyepeng astane kang ramane, arep dielih saka sirahe Efraim menyang sirahe Manasye.

18 Ature Sang Yusuf marang kang ramane: “Sampun makaten, rama, awitdene punika ingkang pembajeng, astanipun rama ingkang tengen mugi katumpangna ing sirahipun.”

19 Nanging kang rama ora karsa, pangandikane: “Aku wus weruh engger! Iya wus weruh aku; iku iya bakal dadi bangsa lan gedhe pangwasane, ewasamono adhine bakal ngungkuli kakangne, lan turune adhine bakal dadi golonganing bangsa kang gedhe.”

20 Bocah loro mau tumuli diberkahi ing dina iku, pangandikane: “Kalawan nyebut jenengmu Israel anggone bakal padha andum berkah, tembunge: Gusti Allah muga ndadekna kowe kaya Efraim lan Manasye.” Mangkono dadine Efraim diprenahake ing ngarepe Manasye.