5 Kang iku anakmu loro kang laire patutan karo kowe ana ing tanah Mesir, sadurunge aku teka mrene, iku padha dadia anakku; Efraim lan Manasye dadia anakku padha kaya Ruben lan Simeon.
6 Nanging turunmu kang laire sawuse iku, tetepa dadi duwekmu, nanging bab anggone tampa warisan kagolongna atas jenenge sadulure loro mau.
7 Dene mungguh aku iki, nalika tekaku saka ing Padan, kepaten Rakhel ana ing tanah Kanaan ing dalan kang wus ora pati adoh karo Efrata, nuli dakkubur ana ing kono, ing pinggir dalan kang anjog ing Efrata,” -- iya iku Betlehem.
8 Nalika Rama Israel mirsani para putrane Sang Yusuf, tumuli ndangu: “Iku sapa?”
9 Ature Sang Yusuf marang kang rama: “Punika anak kula peparingipun Gusti Allah wonten ing ngriki.” Pangandikane Rama Yakub: “Cedhakna ing ngarepku kene, arep dakwenehi berkah.”
10 Nanging paningale Rama Israel wus lamur marga saka sepuhe, dadi wus ora bisa mirsani kanthi cetha. Sawuse padha dicedhakake ana ing ngarsane, banjur diarasi sarta dirangkuli.
11 Rama Israel banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Aku ora nyana yen bakal bisa ndeleng kowe maneh, nanging saiki Gusti Allah malah marengake aku ndeleng turunmu uga.”