7 Dene mungguh aku iki, nalika tekaku saka ing Padan, kepaten Rakhel ana ing tanah Kanaan ing dalan kang wus ora pati adoh karo Efrata, nuli dakkubur ana ing kono, ing pinggir dalan kang anjog ing Efrata,” -- iya iku Betlehem.
8 Nalika Rama Israel mirsani para putrane Sang Yusuf, tumuli ndangu: “Iku sapa?”
9 Ature Sang Yusuf marang kang rama: “Punika anak kula peparingipun Gusti Allah wonten ing ngriki.” Pangandikane Rama Yakub: “Cedhakna ing ngarepku kene, arep dakwenehi berkah.”
10 Nanging paningale Rama Israel wus lamur marga saka sepuhe, dadi wus ora bisa mirsani kanthi cetha. Sawuse padha dicedhakake ana ing ngarsane, banjur diarasi sarta dirangkuli.
11 Rama Israel banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Aku ora nyana yen bakal bisa ndeleng kowe maneh, nanging saiki Gusti Allah malah marengake aku ndeleng turunmu uga.”
12 Sang Yusuf banjur ngundurake putrane saka ing antarane jengkune kang rama, banjur tumungkul sungkem ing bumi.
13 Nuli putra sakarone padha diasta dening Sang Yusuf, Efraim ing asta tengen, madhep ing sisih kiwane kang rama, lan asta kiwa ngasta Manasye, kaprenah ing tengene kang rama, banjur dicedhakake ing ngarsane.