1 Sawuse mangkono Rama Yakub banjur nimbali para putrane sarta ngandika: “Padha nglumpuka, kowe arep dakkandhani apa kang bakal kokalami ing tembe buri.
2 Padha nglumpuka lan rungokna, he para anake Yakub, rungokna tembunge Israel bapakmu.
3 Ruben, kowe iku pembarepku,kekuatanku lan wiwitaning karosanku,kang pinunjul ing kaluhuran,kang pinunjul ing kabisan,
4 kang mbludag kaya banyu,temah wurung anggonmu dadi kang linuwih dhewe,marga kowe wus nunggahi paturone bapakmu;wektu iku kowe ngrusak kasucene.Paturonku diunggahi.
5 Simeon lan Lewi iku padha sadulur,gegamane awujud pangroda-peksa.
6 Nyawaku aja nganti katut ing pasarujukane,atiku aja kelu marang paguyubane,awitdene saka nepsune, nganti padha mateni wonglan saka kamurkane padha ngethoki ototing dhengkule sapi.