13 Zebulon bakal manggon ana ing pinggir sagara,bakal dadi pelabuhaning prau,tapel watese ing tlatahe Sidon.
14 Isakhar iku kaya kuldi kang kuwat balungane,kang ndhekem kaapit ing momotane,
15 bareng weruh yen papan palerenane kepenak lan negarane nyenengake,banjur mendhakake gegere nuli nggawa momotan,sabanjure dadi wong kang kena ing pagawean peksan.
16 Anadene Dhan iku bakal ngadili bangsanekayadene salah sijine taler Israel.
17 Muga-muga Dhan iku kaya ula ana ing dalan,kaya ula bedhudhak ana ing lurungkang nyakot tungkake jaran,nganti sing nunggang tiba kegeblag.
18 Dhuh Yehuwah, kawula ngantos-antos dhateng kawilujengan ingkang saking Paduka.
19 Gad iku bakal ditempuh dening grombolan,nanging bakal genti nempuh tungkake.