16 Anadene Dhan iku bakal ngadili bangsanekayadene salah sijine taler Israel.
17 Muga-muga Dhan iku kaya ula ana ing dalan,kaya ula bedhudhak ana ing lurungkang nyakot tungkake jaran,nganti sing nunggang tiba kegeblag.
18 Dhuh Yehuwah, kawula ngantos-antos dhateng kawilujengan ingkang saking Paduka.
19 Gad iku bakal ditempuh dening grombolan,nanging bakal genti nempuh tungkake.
20 Mungguh Asyer iku pangane bakal mubra-mubru,malah bakal leladi dhaharane raja-raja.
21 Naftali iku kaya menjangan wadon umbaran,iku bakal nglairake tetembungan kang manis-manis.
22 Yusuf iku kaya wit wowohan kang nom,wit wowohan kang nom ana ing pinggir sendhang.Pang-pange padha ngungkuli pager tembok.