1 Gusti Allah tumuli ngengeti marang Rama Nuh lan marang sarupane kewan alasan lan kewan ingon-ingon kang padha melu ana ing sajrone prau; sarta Gusti Allah ndhatengake angin ana ing bumi, temah banyune wiwit surud.
2 Karodene umbuling samodra-raya lang cendhelaning langit padha ditutup, sarta udan deres saka ing langit banjur terang,
3 temahan banyune saka sathithik larud saka ing bumi, dadine saya angok sawuse antara satus seket dina mau.
4 Nalika sasi kapitu tanggal kaping pitulas, praune kandhas ana ing pagunungan Ararat.
5 Banyune tansah saya suda-suda nganti tekan sasi sapuluh. Bareng sasi sapuluh tanggal sapisan, pucake gunung-gunung wiwit padha katon.
6 Kacarita bareng wus kelakon patang puluh dina, Rama Nuh ngengakake cendhelaning prau yasane,