11 Barang wayah sore dara mau bali karo nggondhol godhong jaitun kang isih seger ana ing cucuke; dadine Rama Nuh mirsa yen banyune wis meh asat saka ing bumi.
12 Sawuse iku ngentosi maneh pitung dina, darane tumuli dieculake, nanging wus ora bali marang ing ngarsane Rama Nuh maneh.
13 Nalika yuswane Rama Nuh ganep nem atus siji taun, ing sasi kapisan tanggal sapisan, banyune wis larud saka ing bumi. Rama Nuh banjur mbikak payone prau, sarta mirsa yen lumahe bumi wus asat.
14 Lan nalika sasi kapindho tanggal pitulikur bumine wus gasik.
15 Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh, dhawuhe:
16 “Sira metua saka ing prau, sira dalah somahira, anakira lan somahe anakira.
17 Mangkono uga sarupane sato-kewan kang melu sira, kabeh kang urip dadia bangsane manuk, bangsane kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang nlosor lan kang gumremet ana ing bumi, iku padha sira wetokna bebarengan karo sira; kareben padha ngambra-ambra ana ing bumi lan bebranahan, tangkar-tumangkar ana ing bumi.”