8 Wong lara padha warasna, wong mati tangekna, biraten najise wong lara budhugen; dhemit-dhemit padha tundhungana. Kowe padha nampani kanthi lelahanan, mulane wenehna kanthi lelahanan uga.
9 Aja padha nggawa emas utawa salaka lan tembaga ana ing sabukmu.
10 Aja padha nggawa sangu kanggo ana ing dalan; aja nggawa kotang rangkep utawa trumpah. Sabab wong nyambut gawe iku wus sapantese yen tampa pituwas.
11 Manawa kowe lumebu ing kutha utawa ing desa, nitik-nitika wong kang pantes, banjur nginepa ana ing kono nganti salungamu.
12 Manawa kowe lumebu ing omahe wong, ulukana salam.
13 Manawa pantes anggone nampani, salammu tumanduka ing kono, nanging manawa ora, salammu balia marang kowe maneh.
14 Dene yen ana wong sing ora nampani kowe lan ora ngrungokake tembungmu, endang lungaa lan metua saka ing omah utawa ing kutha kono, sarta ketabna lebune sikilmu.