1 Gusti Yesus tumuli paring pasemon maneh marang wong-wong mau, pangandikane:
2 “Kratoning Swarga iku upamane kaya ratu, kang mahargya pikramane ingkang putra.
3 Banjur utusan para abdi nimbali para wong kang kauleman, nanging padha ora gelem sowan.
4 Nuli utusan para abdine liyane, dhawuhe: Sing padha diulemi kandhanana mangkene: Ingsun wis nyawisake bujananingsun, sapiningsun lan kewaningsun lemon wis padha kasembelehan, sarta samubarang wis cumepak. padha tekaa ing pahargyan.
5 Ewadene para kang kauleman padha ora maelu. Ana kang padha menyang ing pategalane, ana kang lunga ngurus padagangane,
6 dene liyane padha nyekel para abdi mau, dikaniaya sarta dipateni.
7 Mulane Sang Nata duka lan banjur utusan wadyabalane kadhawuhan numpes wong-wong dursila mau lan ngobongi kuthane.
8 Sawise iku nuli ngandika marang para abdine: Bujana manton wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes.
9 Mulane padha menyanga ing dalan-dalan prapatan, saben wong kang kokprangguli ing kono padha ulemana menyang ing pahargyan manton iki.
10 Abdi-abdi mau tumuli padha mangkat lan mglumpukake kabeh wong kang ana ing dalan-dalan, wong ala lan wong becik, nganti ngebaki papan pahargyan manton.
11 Nalika Sang Nata lumebet karsa manggihi tamu-tamu iku, panjenengane mirsa wong siji, sing ora nganggo sandhangan pesta.
12 Panjenengane banjur ngandika marang wong mau: He, sadulur, kapriye dene sira lumebu ing kene ora nganggo sandhangan pesta? Wong mau meneng bae.
13 Sang Nata banjur ngandika marang para abdine: Tlikungen tangane lan sikile, nuli uncalna menyang ing panggonan kang peteng dhewe, ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.
14 Sabab akeh kang tinimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih.”
15 Sawise mangkono wong-wong Farisi banjur lunga, padha rerembugan bab kapriye anggone bisa nyengkolong Gusti Yesus sarana pitakonan.
16 Nuli kongkonan murid-muride bebarengan karo wong-wong Herodhian, matur pitakon: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapa dene Panjenengan boten mraduli dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang.
17 Awit saking punika mugi karsaa paring katrangan: Mbayar paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?”
18 Nanging Gusti Yesus mirsa bab kaculikaning atine wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “He, wong lamis, yagene kowe padha nyoba marang Aku?
19 Aku tuduhana dhuwit kanggo pajeg iku!” Banjur dicaosi dhuwit dinar siji.
20 Panjenengane nuli ndangu: “Iki gambare lan tulisane sapa?”
21 Atur wangsulane: “Gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.” Gusti Yesus banjur ngadika: “Mulane Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosake marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah.”
22 Bareng wong-wong mau krungu pangandika mangkono iku padha kaeraman, tumuli Gusti Yesus ditinggal lunga.
23 Ing dina iku ana wong Saduki sawatara kang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus. Wong-wong iku padha ora pracaya marang patangen. Banjur padha munjuk:
24 “Guru, Nabi Musa ngandika, manawi wonten tiyang pejah boten tilar anak, punika sadherekipun kedah mendhet semah ingkang estri, sageda suka turun dhateng sadherekipun wau.
25 Kalampahan panunggilan kula wonten sadherek jaler pitu. Ingkang kapisan emah-emah, namung kemawon lajeng pejah. Sarehning boten nilar anak, dados ingkang estri katilaraken dhateng sadherekipun.
26 Makaten ugi ingkang kaping kalih saha ingkang kaping tiga, ngantos dumugi ingkang kaping pitu pisan.
27 Wasana sapengkeripun sadaya punika wau tiyang estri punika lajeng pejah.
28 Ingkang punika benjing dinten patangen, tiyang pitu wau ingkang pundi ingkang dados semahipun tiyang estri punika, sadaya rak sampun nate gesang sesarengan kaliyan piyambakipun?”
29 Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Kowe iku padha kesasar, jalaran kowe padha ora sumurup bab Kitab Suci lan panguwasaning Allah.
30 Awit besuk ing jaman patangen ora ana wong kang omah-omah utawa diomah-omahake, nanging uripe kaya malaekat ing swarga.
31 Apa kowe padha ora maca pangandikaning Allah marang kowe bab patangen, kang ijoane mangkene:
32 Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub? Allah iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip.”
33 Wong akeh kang padha ngrungokake, padha kaeraman ing bab piwulange.
34 Para wong Farisi bareng krungu, yen Gusti Yesus wis mbungkem cangkeme para wong Saduki, banjur padha nglumpuk.
35 Ana siji panunggalane wong-wong mau, yaiku ahli Toret, sing arep nyoba marang Panjenengane, matur pitakon:
36 “Guru, angger-angger ing salebeting Toret punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?”
37 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.
38 Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe.
39 Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.
40 Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau.”
41 Nalika para wong Farisi lagi padha nglumpuk, Gusti Yesus ndangu marang wong-wong mau, pangandikane:
42 “Kapriye panemumu ing bab Sang Kristus? Iku tedhake sapa?” Wangsulane kang kadangu: “Tedhakipun Sang Prabu Dawud.”
43 Pangandikane Gusti Yesus: “Yen mangkono, kapriye dene Sang Prabu Dawud marga saka katuntun dening Roh kok nyebut Gustine, yaiku nalika ngandika:
44 Pangeran wis dhawuh marang Gustiku:Sira linggiha ana ing tengeningSun,nganti sakabehing mungsuhira wisSunselehake ing sangisoring tlapakanira.
45 Dadi yen Sang Prabu Dawud nyebut Panjenengane Gustine, kapriye dene kok dadi tedhake?”
46 Ora ana siji bae kang bisa ngaturi wangsulan, sarta wiwit nalika iku ora ana wong siji bae kang wani ngaturake pitakonan marang Panjenengane.