1 Ing nalika iku para sakabat padha sowan ngadhep ing ngarsane Gusti Yesus lan matur pitakon: “Sinten ta ingkang pinunjul wonten ing Kratoning Swarga punika?”
2 Gusti Yesus banjur nimbali bocah cilik siji, didegake ana ing tengahe para sakabat
3 tumuli ngandika: “Satemene pituturKu marang kowe: Manawa kowe ora mratobat lan dadi kaya bocah cilik iki, kowe ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga.
4 Dadi sing sapa ngesorake awak lan dadi kaya bocah cilik iki, yaiku kang pinunjul ana ing Kratoning Swarga.
5 Karodene sing sapa nampani bocah pepadhane iki atas saka jenengKu, iku Aku kang ditampani.
6 Nanging sing sapa dadi sandhungan tumrap salah sawijining bocah cilik iki, kang pracaya marang Aku, iku luwih becik dikalungi watu panggilingan banjur dicemplungake ing sagara bae.
7 Bilai jagad lan sakabehing sesandhungane. Sandhungan iku pancen kudu ana, nanging bilai wong kang njalari tekane.
8 Manawa tanganmu utawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken lan buwangen, amarga luwih becik tumraping kowe, urip kanthi tangan kuthung utawa buntung, katimbang karo tangamu lan sikilmu karo-karone wutuh nanging kacemplungake ing geni langgeng.
9 Sarta manawa mripatmu dadi sandhungan tumrap kowe, cuplaken lan buwangen, amarga luwih becik tumrap kowe lumebu ing urip kalawan pece katimbang kacemplungake ing geni naraka kalawan ganep mripatmu.
10 Poma, aja nganti ngremehake salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowe: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryane RamaKu kang ana Swarga.
11 [Dene rawuhe Putraning Manungsa iku prelu nylametake kang katriwal].”
12 “Panemumu kapriye? Manawa ana wong duwe wedhus satus, banjur ana siji kang katriwal, apa ora bakal ninggal sing sangangpuluh sanga ana ing pagunungan tumuli lunga nggoleki wedhus kang katriwal mau?
13 Satemene Aku pitutur marang kowe: Manawa bisa ketemu, kabungahane tumrap wedhus sing siji iki ngluwihi tumrap wedhus sangangpuluh sanga kang ora katriwal.
14 Mangkono uga Ramamu kang ana ing swarga ora ngarsakake ilange bocah iki siji bae.”
15 “Manawa sadulurmu duwe kaluputan, elingna dhedhewekan. Manawa nggugu marang kandhamu, tegese kowe wis ngentas sadulurmu.
16 Dene yen ora nggugu, kowe ngajaka wong siji utawa loro engkas, supaya marga saka anane katrangane seksi loro utawa telu, prakarane banjur rampung.
17 Ewadene yen ora gelem manut, aturna marang pasamuwan. Lan yen meksa ora manut karo pasamuwan, anggepen wong kapir utawa juru-mupu-beya.
18 Satemene pituturKu marang kowe: Apa kang koktaleni ana ing donya iku bakal katalenan ana ing swarga lan apa kang kokuculi ana ing donya iku bakal kauculan ana ing swarga.
19 Lan maneh Aku pitutur marang kowe: Manawa panunggalanmu ing donya ana wong loro kang saiyeg nyuwun apa bae, panyuwune iku bakal dikabulake dening RamaKu kang ana ing swarga.
20 Sabab ing ngendi ana wong loro utawa telu padha nglumpuk kalawan nganggep marang jenengKu, ing kono Aku ana ing tengahe.”
21 Sawise iku Petrus nuli ngadhep ing ngarsane Gusti Yesus lan munjuk: “Gusti, manawi sadherek kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten anggen kawula kedah ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?”
22 Paring wangsulane Gusti Yesus: “PituturKu marang kowe: Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitungpuluh ping pitu.
23 Sabab Kratoning Swarga iku upamane kaya sawijining ratu kang karsa etang-etangan karo abdine.
24 Bareng wiwit etang-etangan, ana siji kasebakake kang duwe utang saleksa talenta.
25 Sarehne wong iku ora bia ngesahi utange, Sang Nata banjur dhawuh, supaya wong iku dalah anak bojone lan sakabehe barang darbeke padha didoli kanggo nglunasi utange.
26 Abdi mau tumuli sumungkem sujud ana ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk: Dhuh, Gusti, mugi wontena kasabaran dalem dhateng kawula, sadaya sambutan kawula badhe kawula lunasi.
27 Sang Nata trenyuh ing galih marga saka welase marang abdi iku, mulane abdine banjur diluwari, utange dililakake.
28 Nanging saundure abdi mau banjur kapethuk karo abdi liyane kang utang marang dheweke satus dinar, tumuli dicekel lan ditekak gulune, calathune: Sauren utangmu!
29 Kancane abdi mau banjur sumungkem kanthi ngucap: Kula aturi sabar rumiyin, sambutan kula badhe kula lunasi.
30 Nanging kang motangake rengkeng, malah kancane mau banjur kapasrahake marang pakunjaran nganti salunase utange.
31 Ndeleng kang mangkono iku kanca-kanca liyane padha sedhih banget. Bab iku kabeh banjur kalapurake marang gustine.
32 Sang Prabu nuli dhawuh nimbali wong mau sarta banjur dipangandikani: Heh, abdi kang ala, utangira kang semana kehe wis sunlilakake kabeh, marga sira matur memelas marang ingsun.
33 Apa kowe ora wajib melasi marang mitramu, kayadene aku iya wis melasi kowe?
34 Gustine duka banget. Abdi mau banjur kapasrahake marang algojo, nganti sapundhate utange kabeh.
35 Samono uga RamaKu kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumrap ing kowe, manawa kowe dhewe-dhewe ora gelem ngapura marang kaluputane sadulurmu kanthi terusing ati.”