1 “Aja padha netepake alaning wong, supaya kowe iku aja katetepake alamu.
2 Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala-becikmu. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowe.
3 Kapriye dene kowe weruh tatal kang ana ing mripate sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhewe, kowe kok ora weruh?
4 Kapriye dene kowe kok bisa kandha karo sadulurmu: Coba, tatal sing ana ing mripatmu iku dakilangane, mangka mripatmu dhewe ana glondhonge?
5 Heh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripate sadulurmu.”
6 “Bareng kang suci aja kokwenehake marang asu, lan mutyaramu aja kokuncalake marang ngarepe babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyempal-nyempal kowe.”
7 “Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golek-goleka, temah bakal oleh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.
8 Sabab saben wong kang nyuwun, bakal tampa, sing golek bakal oleh lan sing thothok-thothok iku bakal kawenganan lawang.
9 Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anake, kok menehi watu,
10 utawa yen dijaluki iwak, kok menehi ula?
11 Dadine yen kowe kang ala padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya maneh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengane.”
12 “Mulane apa sing kokkarepake ing bab tumindake wong marang kowe, iku iya etrapna marang wong, amarga iya mangkono iku surasane Toret lan kitabe para nabi.
13 Padha lumebua metu ing lawang kang ciyut, awit amba lawange lan jembar dalane kang anjog ing karusakan, mangka akeh wong kang padha metu ing kono.
14 Kosok baline ciyut lawange lan rupit dalane kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu iku.”
15 “Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sajatine iku asu ajag kang galak.
16 Iku bakale padha katitik marang kowe saka wohe. Apa ana thethukulan eri kok awoh anggur, utawa rerungkudan kok metokake woh anjir?
17 Dadine wit kang becik metokake woh becik, wit kang geringen wohe iya ora apik.
18 Wit kang becik ora bisa metokake woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokake woh kang becik.
19 Sarupane wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungake ing geni.
20 Dadine wong-wong mau bakal katitik saka wohe.
21 Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing swarga.
22 Ing dina wekasan bakal akeh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka?
23 Ing wektu iku bakal padha dakblakani mangkene: Aku durung tau wanuh karo kowe. Padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh, wong kang padha gawe duraka.”
24 “Mulane saben wong kang ngrungokake pituturKu lan banjur dilakoni, iku kayadene wong pinter, kang ngadegake omahe ana ing padhasan.
25 Bareng udan deres, banjur banjir sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah mau, nanging ora ambruk, amarga katelesan ing padhasan.
26 Nanging saben wong kang ngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni, iku upamane kaya wong kang gemblung, kang ngadegake omahe ana ing pawedhen.
27 Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah mau banjur ambruk lan banget rusake.”
28 Kacarita, bareng Gusti Yesus wus mungkasi pangandikane iku mau, wong kabeh padha gumun banget marang piwulange,
29 jalaran anggone mulang kaya kang kagungan panguwasa, ora kaya para ahli Toret.